Breaking News:

Kunci Jawaban

Soal & Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 12 SMA Semester 1 : Basa Ngoko lan Basa Krama

Inilah artikel soal dan kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 12 SMA Semester 1 tentang Basa Krama.

Youtube Bu Muth MIMBA
Inilah artikel soal dan kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 12 SMA Semester 1 tentang Basa Krama. 

TRIBUNNEWSMAKER.COM - Simaklah artikel soal dan kunci jawaban Bahasa Jawa SMA kelas 12.

Soal Bahasa Jawa Kelas 12:

1. Miturut gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku ….
A. basa ibu, basa ilmu, lan basa budaya.
B. basa ibu, basa ilmu, lan basa pergaulan
C. basa ibu, basa kulawarga, lan basa masyarakat
D. basa ibu, basa komunikasi, lan basa budaya
E. basa ibu, basa ilmiah, lan basa sastra

2. Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa… .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus.
C. krama
D. krama lugu
E. krama inggil

3. Ibu : Aja kesusu turu, solat isyak dhisik, Rin!
Rina : Inggih, Buk. Kula sampun solat. Menawi Ibuk sampun sayah, mangga sare rumiyin! Ing punggelan teks kasebut, Ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa… .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus.
E. ngoko lan krama

4. Sapa sing bisa aweh sandhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanang arep disuwitani utawa gelem didadekne bojo.
Ukara ing dhuwur mujudake unine … .
A. wara-wara.
B. patembaya
C. reklame/iklan
D. layang
E. lelayu

5. Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku … .
A. basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara kulawarga
B. basa kang digunakake kanggo ing adicara pahargyan adat
C. basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa
D. basa kang digunakake kanggo medharake saweneh kawruh.
E. basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan

6. Minangka basa ibu, Basa Jawa lumrahe panganggone … .
A. alus
B. kasar
C. kanthi tinulis
D. kanthi lisan.
E. kanthi resmi

7. Yen kabandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih … .
A. kasar lan rumaket
B. luwih gampang cak-cakane
C. alus lan nduweni surasa luwih ngajeni.
D. lugu lan kurang ngajeni liyan
E. endhek tataran undha-usuke

8. Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran ….
A. ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae
B. panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu
C. bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae
D. para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae
E. beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa.

9. Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake … .
A. rumaket.
B. ngajeni
C. guyonan
D. penting
E. mirunggan

10. Wong yen lagi nesu, lumrahe migunakake basa … .
A. ngoko lugu.
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. ngoko lan krama

11. Ibu : Bapak wis dhahar?
Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … .
A. ngoko lugu
B. ngoko alus.
C. krama lugu
D. krama alus
E. ngoko lan krama

12. Wong/ bocah sabarakan/ meh padha umur-umurane migunakake basa … .
A. ngoko lugu.
B. ngoko alus
C. krama lugu
D. krama alus
E. ngoko lan krama

13. Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. Wangsulan kang trep yaiku …
A. Ya ngger, daktampa, ora liwat pamujiku tampanana.
B. Ki sanak menika sinten lan saking pundi?
C. Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta
D. Ana wigati apa kowe sowan mrene?
E. Pakaryan kang becik kudu kalestarekake!

Halaman
12
Tags:
soal dan kunci jawabanBahasa JawaKelas 12 SMASemester 1
Rekomendasi untuk Anda
AA

BERITA TERKINI

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved