Breaking News:

Kunci Jawaban

30 Soal & Kunci Jawaban Mulok / Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2: Asal Usul Rawa Pening

30 soal & kunci jawaban Mulok / Bahasa Jawa Kelas 5 SD UTS/PTS Semester 2 Kurikulum 2013: Asal usul Rawa Pening. Cek selengkapnya.

zoom-inlihat foto 30 Soal & Kunci Jawaban Mulok / Bahasa Jawa Kelas 5 SD Semester 2: Asal Usul Rawa Pening
Esem Rasa
30 soal & kunci jawaban Mulok / Bahasa Jawa Kelas 5 SD UTS/PTS Semester 2 Kurikulum 2013: Asal usul Rawa Pening. Cek selengkapnya.

Bocah Bajang banjur lunga .Si Bajang tekan omah Mbok Randha. Senajan uripe rekasa Mbok Randha luhur budine. Seneng tetulung marang sapa bae. Mula tekane Si Bajang ditampa kanthi becik. Bocah Bajang diwenehi sega lan daging iwak ula. Sawise mangan, Bocah Bajang pamitan marang Mbok Randha.

“Mbok,kula nyuwun pamit.Kula gadhah weling sakedhik. Mangke  badhe wonten bena bandang.Mila kula suwun simbok nyawisaken lesung.Mangke simbok minggah  lesung.Mugi tansah manggih wilujeng,’’ Baru Klinting banjur lunga ninggalake omahe mbok Randha.

Baru Klinthing lunga menyang omahe Ki Juru Mathokan minangka panggonane pista memetri desa. Ing kana dheweke nancepake sada lanang ing tengah plataran. Baru Klinting banjur nantang bocah-bocah sing ana ing sacedake. Bocah-bocah padha nyoba mbedol nanging ora bisa.Kabeh wong njajal karosane siji-siji nagging ora ana sing bisa.Ki Juru Mathokan banjur nyusul melu nyoba tetep ora bisa mbedol sada.

Gandheng wis ora ana sing kuwat,Baru Klinting mbedol sada lanang wau. Sanalika tilas tancepane metu banyune gedhe. Saya suwe ngeleb Desa Banarawa. Wong-wong  ing Banarawa padha mati klelep. Mung Mbok Randha sing bisa slamet. Desa Banarawa ilang dadi rawa banjur katelah Rawa Pening,dumuning ing kukuban Ambarawa.

1. Syarat kanggo memetri ing Desa Banarawa yaiku…
a. Daging kewan saka ngomah
b. Daging kewan saka alas
c. Daging kewan laut
d. Daging kewan sapi lan kebo

2. Bocah Bajang mau sejatine ….
a. Membane ula sing dipateni
b. Ki Juru Martani
c. Mbok Randa
d. Ki Juru Mathakon

3. Lurah Desa Banarawa arane ....
a. Ki Lurah Bajang
b. Ki Juru Mondhokan
c. Ki Juru Martani
d. Ki Juru Mathokan

4. Sing mateni ula Baru Klinting yaiku ….
a. Ki Juru Mathokan
b. Bocah Bajang
c. Wong desa
d. Mbok Randha

5. Sing teka marani Ki Juru Mathokan amarga arep njaluk daging ula yaiku ….
a. Ki Lurah
b. Mbok Randha
c.  Wong desa
d. Bocah Bajang

6.Tumindake Ki Juru Mathokan kang kurang becik nalika ….
a. Maringi Bocah Bajang
b. Ngandhani Bocah Bajang
c. Marani Bocah Bajang
d. Ngusir Bocah Bajang

7. Sanajan uripe rekasa, Mbok Randha iku ….
a. Ngalah
b. Luhur budine
c. Medit
d. Drengki

8. Sing nyoba bedhol sada kang ditancepake bocah bajang kajaba….
a. Bocah-bocah Banarawa
b. Wong –wong Banarawa
c. Mbok Randha
d. Ki Juru Mathokan

9. Baru Klinting nancepake … ing tengah plataran omahe Ki Juru Mathokan.
a. Tongkat kayu
b. Kayu jati
c. Sada wulung
d. Sada lanang

10. Siji-sijine wong Banarawa sing bisa slamet ana ing crita dhuwur yaiku….
a. Wong-wong tua
b. Bocah Banarawa
c. Ki Juru Mathokan
d. Mbok Randha

11. Tilas tancepane sada metu banyune mulak-mulak gedhe .Wong ing Banarawa padha.…
a. Mmati klelep
b. Bungah bisa lelangen
c. Seneng ciblon
d. Njajal karosane

Halaman
1234
Sumber: Tribunnews.com
Tags:
kunci jawabanKelas 5 SDBahasa JawaMuatan Lokal
Berita Terkait
AA

BERITA TERKINI

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved