Breaking News:

Kunci Jawaban

45 Soal & Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 10 SMA Semester 2: Tuladhane Tembung Saroja Yaiku?

45 contoh soal & kunci jawaban Bahasa Jawa Kelas 10 SMA semester 2: tuladhane tembung saroja yaiku? rambute ngelar kumbang, jembar segarane.

Video Pendidikan Indonesia YouTube
45 contoh soal & kunci jawaban Bahasa Jawa Kelas 10 SMA semester 2: tuladhane tembung saroja yaiku? rambute ngelar kumbang, jembar segarane. ( TribunNewsMaker.com/TribunPontianak.co.id ) 

b. Ing area sekolah kudu akeh wit-witan kang cukup gedhe sokur yen uga ngasilake uwoh. Wit-witan ditandur ana ing plataran ngarep, antarane gedhung karo gedhung, mburi sekolah, pinggir lapangan.

c. Mbiyen ora ana sing nglirik, nanging saiki dadi rebutan. Kepopulerane saya tambah merga pranyata tanduran kang beracun‘ iki manfaate akeh banget. Wiwit minangka bahan baku biodisel, tanduran pelindung, obat tradisional, pakan ternak, insektisida lan sumber pupuk.

d. Sawise pikirane kagelar kagulung, Dewi Sedhah Merah wis manteb nedya nduwa kersame ramane yen nganti dheweke arep kadhaupake klawan patih Jathasura. Mula sekaring kedhaton ing kadipaten Blambangan kuwi tansah mbududaya golek cara supaya bisa uwal saka papan kono.

e. Saiki sawise ndonya rumangsa kekurangan bahan rgan minyak, merga cadangan minyake saya entek, manungsa bali nggunakake lenga jarak minangka bahan baker disel. Yen dibandhingake karo BBM lenga jarak luwih nguntungake merga sumbere ora bakal entek, angger gelem nandur.

Jawaban: D

11. Bakso bakmi, mi apa micin, cin apa cinta, kalebu purwakanthi.....

A. Guru Sastra
B. Guru Gatra
C. Guru Wilangan
D. Guru Basa
E. Guru Swara

Jawaban: D

12. Unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan lan ngemu teges, diarani ...

A. Panyandra
B. Pepindhan
C. Purwakanthi
D. Basa Lingga
E. Basa Krama

Jawaban: A

13. Tembung panyandra asale saka tembung lingga utawa basa Kawi, kang ateges. ...

A. Tunggal
B. Endah
C. Kahanan
D. Dumadi
E. Maneka warna

Jawaban: B

14. Pakulitane kuning langsep, kalebu candrane.....

A. Peragane awak
B. Lingkungan
C. Rasane buah
D. Solah bawa
E. Tandang gawe

Jawaban: A

15. Lembehane mblarak sempal, kalebu candrane...

A. Rasane ati
B. Pakulinan
C. Solah bawa
D. Manungsa
E. Tetukulan

Jawaban: C

16. Ing aksara Jawa ana pirang huruf ?...

A. 21
B. 23
C. 18
D. 20
E. 17

Jawaban: D

17. Akasara Jawa iku, panulisane ana sandhangan,kang unine (U) yaiku....

A. Suku
B. Wulu
C. Pangkon
D. Wigyan
E. Taling

Jawaban: A

18. Kanggo nulis swara (I), kudu nganggo sandhangan....

A. Taling
B. Pangkon
C. Wignyan
D. Pepet
E. Wulu

Jawaban: E

19. Panulisan “ sate “ nganggo sandhangan....

A. Taling
B. Pengkal
C. Taling tarung
D. Suku
E. Wulu

Jawaban: A

20. Pasangan apa sing padha persis karo aksarane? , ...

A. Ha, sa, pa
B. Ba, ka, la
C. Nya, tha, nga
D. Ra, ga, nga,ya
E. Da, pa, sa

Jawaban: D

21. Basa kang endah lan dipaesi utawa tetep edi peni, diarani...

A. Basa Krama
B. Basa Lugu
C. Basa Rinengga
D. Basa Dwi Purwa
E. Basa Saloka

Jawaban: C

22. Basa Rinengga, dumadi telung warna, yaiku ..

A. Paribasan, Bebasan, Saloka
B. Bebasan, Saloka, Sandhangan
C. Pedhotan, Pasangan, Paribasan
D. Saloka, Sandhangan, Bebasan
E. Paribasan, Pedhotan,Pasangan

Jawaban: A

23. Unen-unen kang ajeg panganggone,mawa teges entar, di arani...

A. Saloka
B. Bebasan
C. Paribasan
D. Guru Wilangan
E. Guru Gatra

Jawaban: C

24. Arep jamure emoh watange, kalebu tuladha....

A. Saloka
B. Paribasan
C. Sandangan
D. Guru Basa
E. Bebasan

Jawaban: E

25. Kutuk marani sunduk, kalebu tuladha.....

A. Basa Rinengga
B. Paribasan
C. Bebasan
D. Guru gatra
E. Saloka

Jawaban: E

26. Purwakanthi kaperang dadi telu,yaiku Guru Swara,Guru Sastra lan.. ..

A. Guru Basa
B. Guru Wilangan
C. Guru Gatra
D. Guru Lagu
E. Krama Inggil

Jawaban: A

27. Bocah pinter, pintere ngungkuli dhokter, kalebu puwakanthi guru....

A. Sastra
B. Basa
C. Swara
D. Wilangan
E. Lagu

Jawaban: B

28. Prakaryaku dituku ibu guru, kalebu purwakanthi guru...

A. Lumaksita
B. Lagu
C. Swara
D. Sastra
E. Wilangan

Jawaban: C

29. Sekul lepat ulam segara,wonten lepat nyuwun pangapura, kalebu purwakanthi....

A. Guru Lagu
B. Guru Swara
C. Guru Wilangan
D. Guru Basa
E. Guru Sastra

Jawaban: E

30. Mangan tahu, tahune kanggo Wong wolu, kalebu purwakanthi.....

A. Guru Basa
B. Guru Satra
C. Guru Lagu
D. Guru Swara
E. Guru Gatra

Jawaban: D

31. Panulisane “ endah “ nganggo sandhangan.... .lan.........

A. Taling lan wignyan
B. Suku lan wulu
C. Wignyan lan taling
D. Taling tarung lan cecak
E. Pasangan lan wignyan

Jawaban: A

32. Prahu layar, yen ditulis kudu nganggo sandhangan.............

A. Cakra re, suku lan layar
B. Layar lan pepet
C. Taling lan wulu
D. Wignyan lan Cecak
E. Taling tarung lan suku

Jawaban: A

33. Tembung “ kopyah “ yen di tulis, mawa aksara Jawa mbutuhake sandhangan.....

A. Taling tarung,cakra,wignyan
B. Taling tarung, pengkal, wignyan
C. Pengkal lan wignyan
D. Cakra, suku lan cecak
E. Pengkal, taling, pangkon

Jawaban: B

34. Sing kalebu Aksara Rekan, yaiku.....

A. Fa, kha, dha, za, gha
B. Fa, kha, dza, tha, gha
C. Fa, kha, dza, za, tha
D. Fa, tha, dza, za, gha
E. Fa, kha, dza, za,gha

Jawaban: E

35. Sing duweni Aksara Murda, yaiku.....

A. Na, ka,ta,sa,pa,ya,ga,ba
B. Na,ka,ta,sa,pa,nya,ga,nga
C. Na,ka,tha,sa,pa,nya,ga,ba
D. Na,ka,ta,sa,pa,nya,ga,ba
E. Na,da,tha,sa,pa,nya,ga,ba

Jawaban: D

36. Bedane basa kang dianggo ing teks sastra lan teks non sastra yaiku....

a. Teks sastra akeh nggunakake tembung entar lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane).

b. Teks sastra akeh nggunakake tembung denotasi lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake tembung kang tegese lugas lan faktual (apa anane).

c. Teks sastra akeh nggunakake tembung kang multi tafsir dene teks non sastra nggunakake tembung kang ditegesi sapa wae padha.

d. Teks sastra akeh nggunakake basa resmi lan simbol-simbol dene teks non sastra nggunakake basa ora resmi.

e. Teks sastra rakitane tembunge lumrah wae dene teks non sastra rakitane tembunge nuwuahake wirama (musikalitas)

Jawaban: A

37. Titikane teks sastra yaiku....

a. Wujud reriptan nganggo basa kang endah lan gampang dimangerteni.
b. Wujud reriptan nganggo basa kang agung, lungit lan isine jero
c. Wujude reriptan nganggo basa endah, ngemu wirama, wirasa panyurasane gumantung sing maca.
d. Wujud reriptan kang isine kasunyatane lan kaendahane urip ing ndonya,nuwuhake pamikat.
e. Wujud reriptan kang isine pasulayane urip ing madyane bebrayan.

Jawaban: B

38. Titikane teks non sastra yaiku....

a. Wujud reriptan nganggo basa kang endah lan gampang dimangerteni.
b. Wujud reriptan nganggo basa kang agung, lungit lan isine jero.
c. Wujude reriptan nganggo basa endah, ngemu wirama, wirasa panyurasane gumantung sing maca.
d. Wujud reriptan kang isine kasunyatane lan kaendahane urip ing ndonya,nuwuhake pamikat.
e. Wujud reriptan nganggo basa kang ngemu teges wantah lan isi bab kasunyatan.

Jawaban: E

39. Tuladhane tembung saroja yaiku....

a. putih memplak, mukti wibawa, gagah prakosa
b. ajur mumur, sekti mandra guna, manca warna
c. kolik priya priyagung anjani putra, edi peni
d. rambute ngelar kumbang, jembar segarane
e. mudha-mudhi, baya pakewuh, dawa tangane

Jawaban: D

40. Ing ngisor iki kang kalebu sesanti yaiku....

a. Emprit abuntut bedhug. Kebo nusu gudel.
b. Cagak nguntal empyak. Sing taberi, nastiti lan ngati-ati.
c. Mripate ndamar kanginan. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.
d. Gandane arum jamban. Pasuryane abang dluwang.
e. Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa.

Jawaban: A

41. Ing ngisor iki kang kalebu saloka yaiku....

a. Emprit abuntut bedhug. Kebo nusu gudel.
b. Cagak nguntal empyak. Sing taberi, nastiti lan ngati-ati.
c. Mripate ndamar kanginan. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti.
d. Gandane arum jamban. Pasuryane abang dluwang.
e. Ing ngarsa sung tuladha. Ing madya mangun karsa

Jawaban: D

42. Kang kagolong tembung yogyaswara yaiku....

a. abang dluwang, mudha mudhi, dewa dewi
b. gandarwa gandarwi, kedhana kedhini, mudha mudhi
c. maneka warni, dewa dewi, siswa siswi
d. putra putri, edi peni, perwitasari
e. pemudha pemudha, prameswari, jaluestri

Jawaban: E

43. Ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku....

a. Sapa sing salah kudu ngalah.
b. Yen mangsa udan dalane lunyu banget, mula sing ati-ati.
c. Tangane bocah iku dawa sisih, cacat wiwit cilik.
d. Bocah kuwi pancen lunyu ilate, mula didohi kancane.
e. Polatane katon sumringah bareng krungu kabar kahanan bojone.

Jawaban: B

44. Ukara sing ngemu basa rinengga yaiku....

a. Sedina natas udane ora uwis-uwis.
b. Agemane Bapak diampil Pak Dhe.
c. Saben dina pagaweyane mung thutuk watu.
d. Pancen bocahe ya ayu, tur solah tingkahe nyenengake.
e. Dhasar gandhes, luwes, yen nganggo busana sarwa pantes.

Jawaban: E

45. Ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa rinengga yaiku....

a. He, lungguhmu aja jigang kaya ngono kuwi ora sopan, tur ora pantes disawang!
b. Sapa sing rumangsa salah, wis samestine kudu gelem ngakoni salahe mau becike banjur njaluk pangapura.
c. Nalika tekan papan kang dituju, bocah wadon mau gage-gage mudhun, terus mlebu omah cet biru mau.
d. Pancen pantes yen dadi patuladhan, dhasar ayu rupane, sumunar cahyane, gandhes luwes solah bawane.
e. Cahyane lampu sokle cumlorot madhangi dalan sing diliwati, lan uga sakiwa tengene, nganti katon watu gedhe-gedhe kang njegreg kaya patung.

Jawaban: A

( TribunNewsMaker.com/TribunPontianak.co.id )

Tags:
kunci jawabanKelas 10 SMABahasa Jawa
Rekomendasi untuk Anda
AA

BERITA TERKINI

© 2025 TRIBUNnews.com Network,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved